EN

Audiens sing durung cukup umur

Kita percaya pentinge mesthekake proteksi sing luwih kuwat kanggo mbantu njaga bocah-bocah lan nom-noman tetep aman, mulane kita ngenalake fitur lan alat privasi kanggo nyengkuyung setelan lan kontrol privasi sing pantes miturut umur.

Sorotan Privasi kanggo Remaja

Nalika sampeyan nggunakake TikTok, kita ngumpulake informasi babagan sampeyan. Kita nggawe kaca iki kanggo nyorot babagan apa wae informasine lan carane kita nggunakake informasi kasebut.

Kita uga nggawe sawetara video kanggo njelasake iki kanthi luwih princi lan kanggo mbage sawetara conto babagan carane kita nggunakake informasi sampeyan. Kanggo peprincen sing jangkep, wacanen Kebijakan Privasi kita.

Elinga yen umur sampeyan kudu paling ora 13 taun kanggo nggunakake TikTok. Yen umur sampeyan kurang saka 18 taun, sampeyan kudu matur marang wong tuwa utawa wali sadurunge wiwit nggunakake TikTok.

Informasi sing kita kumpulake

Kita bisa ngumpulake informasi babagan sampeyan ing ngisor iki

  • Informasi sing sampeyan wenehake. Iki kalebu peprincen sing sampeyan sedhiyakake nalika nggawe akun, mosting video, swara, utawa komentar, utawa melu ngisi survei.
  • Informasi sing kita kumpulake babagan panggunaan TikTok sampeyan. Iki kalebu peprincen video lan iklan sing sampeyan tonton, akun sing sampeyan tutake, lan sepira suwene sampeyan ana ing TikTok.
  • Informasi sing kita kumpulake saka piranti sampeyan. Iki kalebu jinis piranti sing sampeyan gunakake (kayata, ponsel utawa tablet), negara sing sampeyan panggoni, lan nomer identifikasi unike piranti sampeyan.
  • Informasi sing kita bedhek babagan sampeyan adhedhasar cara sampeyan nggunakake TikTok. Iki bisa arupa kelompok umur sampeyan lan apa sing sampeyan minati.
  • Informasi sing diwenehake dening wong liyane marang kita. Iki bisa uga saka wong liyane ing TikTok, panyedhiya jaringan sosial (kayata Facebook utawa Google), lan pangiklan.

Informasi sing kita kumpulake

Cara kita nggunakake informasi sampeyan

Cara kita nggunakake informasi sampeyan

Kita mung nggunakake informasi sing kita duweni babagan sampeyan kanthi cara sing diidinake ukum. Iki tegese kita kudu duwe alasan sing valid kanggo nggunakake informasi sampeyan.

Miturut ukum, ana enem alasan sing valid. Telung alasan sing paling umum sing digunakake TikTok yaiku:

  • kanggo ngleksanakake kontrak
  • minat sing sah
  • palilah
Kanggo ngleksanakake kontrak

Nalika sampeyan ngundhuh apl TikTok utawa nggawe akun, sampeyan nyetujoni kontrak karo kita. Miturut kontrak kasebut, sampeyan lan kita sarujuk kanggo nglakoni, lan ora nglakoni, sawetara perkara. Kita perlu nggunakake informasi sampeyan supaya bisa ngleksanakake sawetara perkara sing kita setujoni kanggo dileksanakake. Yen kita ora nggunakake informasi sampeyan, kita bakal ora bisa nyedhiyakake pangalaman TikTok sing jangkep marang sampeyan. Contone, kita ora bisa nyedhiyakake kabar Saran, sing diatur kanggo saben pangguna.

Informasi lan kabar ing Saran sampeyan

Informasi sampeyan lan Panduan Komunitas kita

Minat sing sah

Ukum iki ndadekake kita bisa nggunakake informasi sampeyan yen dibutuhake kanggo kapentingan sing sah (intine, kita nggunakake informasi sampeyan kanggo alasan sing apik sing ora dikalahake dening pengaruh negatif marang hak sampeyan). Contone, ana kapentingan sing sah nalika nggunakake informasi sampeyan kanggo njaga keamanan lan karaharjane komunitas kita. Iki kalebu ninjo perkara sing sampeyan tindakake ing TikTok kanggo mesthekake perkara iku ora nglanggar Panduan Komunitas kita.

Palilah

Kita bisa nggunakake informasi sampeyan yen sampeyan menehake 'palilah', yaiku jinis idin ukum tartamtu. Nalika kita njaluk palilah sampeyan, kita bakal:

  • mesthekake yen sampeyan paham kenangapa kita njaluk palilah;
  • blaka babagan apa sing bakal kedadeyan yen sampeyan menehake palilah; lan
  • ngandhani carane yen sampeyan kepingin ngowahi kaputusan kasebut liya wektu

Informasi sampeyan lan organisasi liyane

Nalika kita mbage informasi sampeyan marang perusahaan lan organisasi liya

Kita bisa uga mbage sawetara informasi sampeyan marang perusahaan lan organisasi liyane.

  • Kita mbage sawetara informasi karo perusahaan liya sing nyedhiyakake layanan. Perusahaan iki nindakake bab-bab kayadene nyedhiyakake panggonan sing aman kanggo nyimpen informasi sampeyan, lan ndadekake sampeyan bisa mbayar barang ing TikTok.
  • Kita mbage sawetara informasi marang platfrom lan apl liya, nanging mung yen sampeyan njaluk marang kita. Contone, yen sampeyan nggunakake fitur “bage menyang” kita kanggo mosting video TikTok sampeyan ing platform liya, kita mbage sawetara informasi marang platform kasebut supaya sampeyan bisa nindakake iki.
  • Kita mbage sawetara informasi marang pangiklan lan perusahaan sing nyengkuyung dheweke.Iki supaya dheweke bisa mangerteni sepira efektife iklane ing TikTok (contone, sepira akehe wong sing ndeleng, nyenengi, ngomentari, utawa mbage iklane, utawa nyambangi situs webe). Kita mung mbage informasi pribadhi sampeyan marang pangiklan yen sampeyan ngidini.
  • Kita uga bisa mbage sawetara informasi babagan sampeyan marang pulisi, layanan dharurat, utawa otoritas publik.Kita nglakoni iki yen kita diwajibake miturut ukum utawa ing kahanan sing luwar biasa, kayata yen kita nyujanani ana tumindak durjana utawa yen ana wong sing kena risiko mbebayani.
Hak sampeyan tumrap informasi sampeyan

Ukum ing Eropa menehi sampeyan hak tumrap informasi sampeyan. Kita wis njelasake hak iki lan carane sampeyan bisa nggunakake hak iki, ing Kebijakan Privasi kita.

Kita uga wis nggawe alat lan setelan sing bisa sampeyan gunakake kanggo ngontrol informasi lan privasi sampeyan. Kita tansah nggolek cara kanggo ningkatake, supaya alat lan setelan iki bisa owah salakune wektu. Tetep entuk kabar kanthi ndeleng [dasbor Setelan lan Privasi] sampeyan (bisa diakses saka kaca Aku sampeyan) lan kanthi mriksa Pusat Pitulungan lan Pusat Keselamatan.

Alat lan setelan kita ndadekake sampeyan bisa nindakake sing ana ing ngisor iki.

  • Ngontrol sapa sing bisa nonton lan ngomentari video sampeyan
  • Ngontrol sapa sing bisa ngetutake akun sampeyan lan ngirimi sampeyan pesen langsung
  • Ngontrol apa iklan sing sampeyan deleng dipersonalisasi kanggo sampeyan
  • Ngatur sepira suwene sampeyan pengin ngentekake wektu ing TikTok
  • Ngundhuh informasi
  • Mbusak video, komentar, lan akun sampeyan kapan wae

Ngontrol informasi sampeyan

TikTok kanggo nom-noman

TikTok kanggo remaja

Umur sampeyan kudu paling ora 13 taun kanggo nggunakake TikTok. Yen umur sampeyan durung 18 taun, sampeyan mungkin nggatekake yen sawetara fitur TikTok ora sumadhiya kanggo sampeyan, utawa sampeyan ora bisa ngowahi sawetara setelan. Iki amarga kita kepingin sampeyan nggunakake TikTok kanthi cara sing nyenengake, aman, lan pantes kanggo umur sampeyan.

Contone, yen umur sampeyan durung 16 taun, akun sampeyan diatur minangka pribadhi kanthi gawan. Yen umur sampeyan 16 utawa 17 taun, sampeyan bisa milih antarane akun pribadhi utawa publik nalika nyiapake akun; yen sampeyan ora nemtokake pilihan, akun sampeyan bakal diatur minangka pribadhi kanthi gawan.

Yen sampeyan duwe akun pribadhi, mung wong sing sampeyan setujoni sing bisa ngetutake, ndeleng postingan, video LIVE, bio, seneng, uga dhaftar ngetutake, lan fan sampeyan.

Yen sampeyan duwe akun publik, profil lan video sampeyan bakal bisa dideleng lan bisa dibage dening sapa wae sing ana utawa ora ana ing TikTok (dheweke duwe utawa ora duwe akun TikTok) lan bisa uga muncul ing mesin panlusuran, blog, postingan media sosial, lan situs warta.

Elinga, nalika akun sampeyan pribadhi utawa publik, jeneng, jeneng pangguna, lan foto profil sampeyan bakal tansah bisa dideleng dening sapa wae ing njero utawa njaba TikTok. Apa wae jinis akun sampeyan, sampeyan bisa tansah matesi visibilitas saben postingan sampeyan, sing tegese postingan sampeyan bakal diwatesi mung kanggo audiens sing sampeyan pilih. Deleng ing kene babagan carane ngowahi setelan video sampeyan.

Priksa Portal Nom-noman kita kanggo kabeh informasi sing sampeyan butuhake supaya bisa ngrasakake pangalaman paling apik ing TikTok.

Lan yen sampeyan wong tuwane pangguna TikTok sing umure durung 18 taun, delengen Panduan Wali kita kanggo informasi lan sumber daya kanggo mbantu sampeyan mangerteni TikTok, uga alat lan kontrol sing bisa sampeyan utawa remaja sampeyan uripake, kayata fitur Nggathukake Kulawarga kita.

Kepingin ngerti liyane?

Kita ngarep-arep supaya Sorotan Privasi iki bisa njawab sawetara pitakonan sing sampeyan duweni babagan cara kita nggunakake informasi sampeyan. Kanggo peprincen liyane, priksa Pusat Pitulungan, Pusat Keselamatan; Pusat Transparansi lan wacanen Kebijakan Privasi kita. Yen duwe pitakonan, sampeyan bisa ngubungi kita nganggo peprincen sing ana ing Kebijakan Privasi utawa isinen formulir online kita.


Matur nuwun wis maca.